Kamis, 09 Januari 2025

Ucapan Emeritasi dari Blok H

 


Kagem Bapak Pdt. Anung Trirumantyo,

Wilujeng lumebet ing wanci emeritus. Mugi Gusti Allah kang Maha Asih tansah paring berkah, kesehatan, lan katentreman batin ing saben dina lan saben kawontenan ing gesang panjenengan. Peladosan panjenengan ing GKJ Tlogosari, utamane kangge brayat Blok H, sampun dados pepadhang lan piwulang ingkang sanget mbangun iman.

Kanthi ati ingkang tulus lan tresna ageng, panjenengan sampun mbimbing, nyengkuyung, lan dados tuladha tumrap sedaya umat, kalebu brayat Blok H. Awit saking dedikasi panjenengan, brayat Blok H sampun saged nampi berkah lan pangaribawa iman ingkang saestu memperkaya gesang spiritual kita.

Sedaya brayat Blok H ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit pengorbanan, kerelaan, lan wekdal ingkang dipun aturaken dening panjenengan. Kita sadar bilih kathah kalepatan lan kekirangan ing wanci panjenengan mbimbing kita. Kagem menika, kanthi kerendahan ati, kita sedaya nyuwun pangapunten saking Gusti lan panjenengan.

Wiwit saking kawitan panjenengan mlebet ing peladosan ing GKJ Tlogosari, saben tindakan, tembung, lan pengabdian panjenengan dados berkah ageng tumrap kita. Mugi Gusti Allah tansah ndherekaken panjenengan ing saben langkah, nyukupi saben kebutuhan, lan paring pepadhang ing saben keputusan ing gesang.

Peladosan panjenengan ingkang estu tulus kanthi sih katresnan mugi saged dados warisan rohani ingkang langgeng kangge generasi sabanjure. Gusti Yesus, Sang Juru Slamet kita, tansah berkahi kita sedaya, lan mugi sedaya berkah ingkang sampun panjenengan taburaken ing donya iki dados peparing tanpa wates tumrap gesang panjenengan.

Saking sedaya brayat Blok H, kita nyuwun pangestu lan ngaturaken sukur ingkang langgeng.
Amin 🙏